Jumat, 31 Juli 2009

Argggggggggg........!!! (Puisi Kenthir)

Yen aku isoh mbengok aku wis bengak-bengok kat mbiyen...
sayange aku ra etuk bengak-bengok!

Yen aku isoh milih aku wis milih kat mbiyen...
Sayange aku ra etuk milih!

Yen aku isoh nangis aku mesti wis nangis gero-gero koyo wong dipolo kat mbiyen ben atiku lego,
Sayange aku raisoh nangis...

Aku penengen mbengok sak kenceng2e nganti telakku ora metu suorone,
Aku pengen nangis nganti atiku lego,
Aku pengen isoh milih....

Atiku wis nyeseg....
Rasane wis koyo ngene ning aku gag isoh ngopo2....
Istilahe mati ora urip yo ora....
Kapan pitakonku babagan katresnan iki kejawab!

Aku wis wae meh nyerah, maju koyo ra eneng harapan, ealah mundur koq katone eneng harapan.
Le bener maju opo mundur aku soyo bingung....
Koyo wong dolanan layangan...

Duh Gustialloh.......!!!!

Wislah aku tak maju wae, pati uripku kagen gusti....
Sekonyong-konyonge aku duwe crito kanggo anak putuku yen aku nate berjuang sak suwene 3 taon luweh mung kanggo katresnaning atiku!

Tidak ada komentar: